Kidung Wahyu Kolosebo

Syahiba Saufa

Rumeksa ingsun

Laku nista ngaya wara

Kelawan mekak hawa

Hawa kang dur angkara

Senajan setan gentayangan

Tansah gawe rubeda

Hingga pupusing jaman

Hameteg ingsun

Nyirep geni wisa murka

Meper hardaning panca

Saben ulesing netra

Linambaran sing kawelasan

Ingkang paring kamulyan

Sang Hyang Jati Pengeran

Jiwa nggo kalbu

Samudra pepuntoning laku

Tumuju dateng Gusti

Dzat Kang Amurba Dumadi

Manunggaling kawula Gusti

Krenteg ati bakal dumadi

Mukti ingsun tanpa piranti

Sumebyar ing sukma

Madu sarining perwita

Maneka warna prada

Mbangun praja sampurna

Sengkala tida muksa

Kalabendhu nyata sirna

Tiyasing rasa mardika

Mugiya den sedya

Pusaka Kalimasada

Yekti dadi mustika

Sakjroning jiwa-raga

Beja, mulya, waskita

Digdaya bawa leksana

Byar manjing sigra-sigra

Ampuh, sepuh

Wutuh tan kena isa paneluh

Gagah, bungah sumringah

Ndhadhar ing wayah-wayah

Satriya tata sembada

Wiratama katon sewu kartika

Ketaman wahyu kalaseba

Memuji ingsun

Kanthi suwita linuhung

Segara ganda

Arum swuh rep dupa kumelun

Ginulah niat ingsun hangidung

Sabda kang luhur

Titahing Sang Hyang Agung

Rembesing tresna

Tanda luhing netra rasa

Rasa rasaning ati

Kadya tirta kang suci

Kawistara japa mantra

Kondhang dadi pepadhang

Palilahing Sang Hyang Wenang

Nawa dewa

Jawata tali santika bawana

Prasida sidhikara

Ing sasana asmaralaya

Sri Narendra Kalaseba

Winisuda ing gegana

Datan gingsir sewu warsa

Unduh .lrc WhatsApp