[00:32.04] Rumeksa ingsun [00:35.75] Laku nista ngaya wara [00:39.71] Kelawan mekak hawa [00:43.16] Hawa kang dur angkara [00:47.29] Senajan setan gentayangan [00:50.84] Tansah gawe rubeda [00:54.46] Hingga pupusing jaman [01:01.55] Hameteg ingsun [01:05.39] Nyirep geni wisa murka [01:09.32] Meper hardaning panca [01:12.76] Saben ulesing netra [01:16.57] Linambaran sing kawelasan [01:20.56] Ingkang paring kamulyan [01:24.06] Sang Hyang Jati Pengeran [01:31.00] Jiwa nggo kalbu [01:34.77] Samudra pepuntoning laku [01:38.43] Tumuju dateng Gusti [01:42.20] Dzat Kang Amurba Dumadi [01:45.77] Manunggaling kawula Gusti [01:49.55] Krenteg ati bakal dumadi [01:53.52] Mukti ingsun tanpa piranti [02:01.72] [02:17.10] Sumebyar ing sukma [02:21.05] Madu sarining perwita [02:24.71] Maneka warna prada [02:28.48] Mbangun praja sampurna [02:32.22] Sengkala tida muksa [02:36.16] Kalabendhu nyata sirna [02:39.58] Tiyasing rasa mardika [02:47.09] Mugiya den sedya [02:50.78] Pusaka Kalimasada [02:54.41] Yekti dadi mustika [02:57.83] Sakjroning jiwa-raga [03:02.01] Beja, mulya, waskita [03:05.72] Digdaya bawa leksana [03:09.28] Byar manjing sigra-sigra [03:16.50] Ampuh, sepuh [03:20.05] Wutuh tan kena isa paneluh [03:23.75] Gagah, bungah sumringah [03:27.46] Ndhadhar ing wayah-wayah [03:31.36] Satriya tata sembada [03:34.89] Wiratama katon sewu kartika [03:42.12] Ketaman wahyu kalaseba [03:50.71] [04:06.03] Memuji ingsun [04:09.93] Kanthi suwita linuhung [04:13.68] Segara ganda [04:17.23] Arum swuh rep dupa kumelun [04:21.11] Ginulah niat ingsun hangidung [04:25.03] Sabda kang luhur [04:28.63] Titahing Sang Hyang Agung [04:35.88] Rembesing tresna [04:39.88] Tanda luhing netra rasa [04:43.25] Rasa rasaning ati [04:47.09] Kadya tirta kang suci [04:50.43] Kawistara japa mantra [04:54.27] Kondhang dadi pepadhang [04:58.26] Palilahing Sang Hyang Wenang [05:05.25] Nawa dewa [05:09.04] Jawata tali santika bawana [05:12.65] Prasida sidhikara [05:16.44] Ing sasana asmaralaya [05:19.90] Sri Narendra Kalaseba [05:23.67] Winisuda ing gegana [05:31.17] Datan gingsir sewu warsa [05:39.72]